PANGAGEM
Warga Paguyuban Kaweruh "BUDI LESTARI ADJINING DJIWO" (BULAD) kudu mangerti patrap lan sangkane Kaweruh :
- Adedasar : Asih marang sapada-padane titah
- Angenggoni : Paguyuban, musyawarah lan mufakat
- Anggayuh : Budi Luhur tumuju marang Jiwo kang Luhur
- Panuwuning Kaweruh : Sampurno urip tumuju marang Jiwo kang Luhur
- Sumber Kaweruh kang Mbendeng : Suwargi KI TJITRO PRAWIRO, ing desa Donomulyo Kec. Donomulyo Kab. Malang Prop. Jawa Timur.
- Kang Nerusake : Para anak putu siswa kang diparingi hibah (Tjempolo Kepyak) lan diangkat disyahake jumeneng Pinisepuh karo Dewan Pengurus Pusat Paguyuban Kaweruh Budi Lestari Adjining Djiwo (BULAD) nganggo layang Keputusan.
- Kaweruh Nganggo Lambang : TRI MINA EKA MUSTAKA
- Kaweruh Duwe Watak : Rawe-rawe rantas malang-malang putung
- Wewaler / Larangan Kaweruh : 1. Ojo Nggawe Gelaning Liyan, 2. Malima (Madat, Madon, Main, Maling, Minum)
- Sumpah Kaweruh : a. Kudu manembah marang Yang Maha Kuasa, b. Kudu Ngabekti marang wong tuwo, c. Kudu Ngugemi pituture Pinisepuh, d. Kudu Ngabekti lan taat marang Pranatan Praja, e. Kudu Ngabekti lan taat marang Peraturan - peraturan Paguyuban Kaweruh Budi Lestari Adjining Djiwo (BULAD).
- Kudu ngerti sumelehe Kaweruh Budi Lestari Adjining Djiwo (BULAD)
No comments:
Post a Comment